Dening : Estetika Jami’ati
Jani ngelap tangane sing teles bar asah-asah. Terus cekat-ceket marani setrikane sing numpuk ngenteni diayahi. Kamangka mentas wae nyapu, ngepel, ngumbahi lan masak. Ning nadyan saiki tangane pengin dipijeti lan pengin leren turon kasur, dheweke nerusake anggone tandang gawe.
Maune, niyate Bu Heru golek rewang kae, pengin sing wis tuwa, sing wis putu. Apa sing isih bocah cilik wae. Lan uga sing ora ayu, sing kulite ora mrusuh lan seneng dandan tur awake semog. Awit ing kompleks perumahane wis ora pisan pindho kedadeyan kasus slingkuh antarane majikan lanang karo rewange. Pungkasane padha pegatan. Sing lanang ditundhung, dene rewange dipecat.
Rupane Bu Heru dhewe pancen pas-pasan banget. Ora ana wong lanang liya sing bakal nglirik kejaba Pak Heru. Mula , bojone kuwi dieman-eman tenan murih ora nganti kecanthol wanita liya. Bab pembantu kuwi Bu Heru pancen rumangsa kangelan, nanging kepiyebmaneh, wong pancen butuh tenanan. Apamaneh sing nggolekake iku ibune dhewe neng ndesa. Dadi, ora pati kuatir, nadyan neng tengah kutha kudu sarwa ngati-ngati. Akeh rewang sing nggondhol donyane majikane , sing ngracuni anake majikan, lan sing nglirak-nglirik majikane lanang. Mbiyen nalika anake isih bayi dheweke tau nduwe rewang saka sawijining agen PRT, ning seneng nyolong-jupuk dhuwit saengga diulihake.
Dene Jani anggone nyambut gawe neng kono iku, saiki wis meh telung wulan wiwit Bu Heru ngantor maneh lan anake sekolah TK. Jani iku lulusa SMP. Bapak lan ibune mburuh nggarap sawahe tangga. Jani anak mbarep kang melu nanggung butuhe pangan lan sekolahe adhi-adhine. Bocahe sregep lan resikan. Lugu, nurut, ora tau metu dolan karo cah lanang.
Jani kulite ireng, ning yen diematake ketara manis.olehe katon ora ayu iku mung merga sandhangane sing amoh, lungsuran saka wong liya. Rambuterada abang lurus, kakehan mambu srengenge neng sawah. Wiwitane Bu Heru ragu-ragu, jalaran Jani isih prawan kang nedheng-nedhenge mekar, njalari wong lanang gampang kepencut. Apamaneh saya akeh bapak-bapak sing seneng marang ‘daun muda’. Nanging ati wadone ora tega ndeleng kahanan keluwargane Jani kang kesrakat, tur kebeneran telung wulan kepungkur pak Heru dimutasi nyang Kalimantan. Kirane, perkara kang paling dikuwatirake ora bakal kedadeyan.
Ning wis sawetara dina iki Bu Heru stress gara-gara jani. Jani owah satus wolung puluh drajat. Kok saiki dhemen bengesan kandel. Maune bar adus rambute dikuncir saanane, rai lan kulite diumbar lawaran, kasar lan mbesisik. Ning seminggu iki kulite kerep diolesi pelembab. Raine diolesi kream pemutih, yen metu blanja ditambahi pupur titpis. Lambene dibenges abang getih pitik. Rambute dikuncir rapi nganggo pita. Saben ketemu wong, ngumbar esem pait madu. Persis bidhuan kampong siap manggung!
Tuwuh ing panggagas sing ora-ora ing pikirane Bu Heru. Atine kemrungsung. Luwih-luwih nalikane neng kantor wanci bojo lan rewang lagi neng ngomah, Bu Heru tansah was-was, ora jenak ngadhepi gaweyan. Awit wis niteni, Jani olehe owah dadi kaya ngono kuwi wiwit Pak Heru milih liburan neng ngomah.
“Jan, aku gawekna susu kopi. Gulane setengah ukuran biasane. Nganggo cingkir abang sing ana photon Pak Heru lho ya, prentahe Bu Heru rada sengol. Jani menyat nindakake dhawuhe Bu Heru. Wedang susu kopi dadi lan rampung diaturake, Jani langsung nutugake setrikan.
“Jan, mengko yen wedange wis entek gelase ndang diisahi lho ya. aja kok umbar nganti dikroyok semut!” prentahe Bu Heru maneh. Jani semaur nyaguhi karo nglirik sithik, ngonangi alise Bu Heru kaya gathuk lan cangkeme mecucu.
Jani krasa yen sawetara dina iki ulate Bu Heru ora kaya sing uwis-uwis. Sedhela-sedhela prentah lan arang ngajak guneman. Omonge sengol. Ulate peteng. Ing ngarepe Jani, mripate mentheleng tajem sajak sujono lan ngandhut rasa sengit.
Ing omah iki Jani nganti rumangsakaya kodhok mlebu leng ula. Ora wani sapa aruh Bu Heru maneh, wedi dicaplok urip-uripan. Embuh ora ngerti, geneya bendarane kuwi kok malih dadi kaya ngono. Apa pancen asline galak, ning lagi ketara saiki. Ning dheweke kudu sabar ngupaya upa kanggo dheweke lan kulawargane. Pangajabe, muga-muga ora nganti ana kedadeyan ngenes kaya TKI ing Arab Saudi lan Malaysia. Sabenere saiki iki rak lagi ana segagasng kembang katresan kang tuwuh ngrambati atine.
***
Ganep seminggu iki saben basil saka kantorlan sadurunge mlebu pager, Bu Heru ingak-inguk pekarangan saka sisihe omah. Olehe mudhun saka motor ojek disengaja ing sangarepe omahe tangga ben ora ketara yen wis teka. Saka kono dheweke meneg-meneng ngematake kedadeyan ing sakupenge omah.
Pikirane tansah dirusuhi kedadeyan kang tanpa sengaja diweruhi saka mburi pager seminggu kepungkur. Nalika kuwi dheweke mulih saka kantor wanci srengenge angslup. Pak Heru lagi njagongi Jani kang lagi nyiram tanduran kembang mawar. Olehe jagongan gayeng lan rumaket banget nganti padha ngguyu kepingkel-pingkel. Isih sumimpen ing pikirane ukara-ukara kang dirungu ing jagongan kuwi.
“jenengmu sapa, cah ayu?” Pak Herutakon karo mlaku nyedhaki.
“Anjani Dewi, Pak,” jawabe Anjani.
“Jenengmu kok apik men, sapa sing menehi?”
“Paringanipun Ki Sahid, dhalang kondhang ing kampong kula. Ngendikane, Anjani punika asmanipun garwane Bethara Guru, lan biyungipun senapati anoman!” wangsulane Jani njalari Pak Heru ngguyu kemekelen.
“Spurane ya ndhuk, iki mung guyon wae, apa ki dhalang kuwi ngajab awakmu malih dadi kethek lan duwe anak kethek?” Jani genten ngguyu kepingkel-pingkel.
“nggih mboten ngaten, Pak. Piyambakipun ngajab mugi kula saged dados putra-putrinipun Dewi Indradi kok, lan peputra satriya utami kados senapatinipun Prabu Rama,” wangsulane Jani nirokake pangajabe Ki Dhalang.
Ing sisihe jani, Pak Heru njur ngucap bisik-bisik. Jani manthuk-manthuk, njur mesem lan semaur alon, ora keprungu dening Bu Heru. Kekarone nutugake jagongan kanthi bisi-bisik, kaya ngomongake rahasia kang haram dirungu liyan. Jani mesem maneh, ulate katon padhang. Semono uga Pak Heru. Sawenehe prasangka njur tuwuh ing pikirane Bu Heru, pirang-pirang dina nganti stress.
Sore iki Bu Heru ora nyumurupi kedadeyan kaya sadurunge. Ning barteng mlebu ngomah, dhadhane krasa kaya dikepruk alu weruh Jani lan Pak Heru lungguhan wong loro ing ruwang tamu. Jani wedakan putih kaya tembok. Lambene dibenges abang manger-mangar. Rambute diklabang loro, pucuke ditaleni pita abang ngembari werna rok lan bengese. Ponine disureni mengarep, ngrenggani bathuk. Mak klepat Bu Heru mlebu kamar lan lawange dijeblesake banter. Dumadakan mendhung ing mripate dadi kandel lan banyu tangise ambrol.
Pak Heru dadi bingung, njur gageyan ngulungake dhuwit limang ewonan marang Jani. Jani budhal tanpa lali nganggo masker dienggo nutupi irung lan cangkem murih aman ing dalan, supaya bengese ora luntur. Dene Pak Heru nututi sisihane kang lagi nesu ing kamar.
Wiwit Pak Heru mulih liburan ing omah kae,atine Jani pancen kaya dituwuhi kembang-kembang asmara. Tresna ketemu kapisan, istilahe. Nalika kuwi, wanci sore Pak Heru teka dhog ing omah, Jani lansung didhawuhi tuku gorengan. Ing trotoir pinggir dalan kaya kang diwekas dening bendarane, dheweke ketemunPur alias asistene pedagang gorengan kakilima kang dodolan rupa-rupa gorengan karemane Pak Heru.
Sore kuwi tumurun grimis riwis-riwis kapisa ing pungkasaning mangsa katiga, ibarat grimis kang mungkasi mangsa garing ing atine Jani. Ana saunting wening asmara kang thukul lan tuwuh ngrenggani pulunging tyas.
Pak Heru pancen seneng dhahar gorengan. Mula selawase neng omah, saben sore Jani didhawuhi tuku gorengan. Pak Heru sajak kaya wis ndhadha apa kang dadi isi atine Jani. Idhep-idhep menehi kalodhangan kanggo nggancarake karepe babu kuwi.
Tekan papan kang dituju, alon-alon Jani mudhun saka pit. Maskere cepet-cepet dibukak.
“Pur, mbakayune iku diladeni dhisik,” akone Pak Brengos, sing nduwe usaha gorengan kuwi marang Pur. Pur sing saka kadohan wis nglirak-nglirik jani dadi gugup lan klepyar-klepyur panone. Adonan trigu lan gedhang kang kudune dicemplungake nang wajan gorengan gedhang malah kleru ing wajan isi gorengan bakwan sing wis setengah garing.
“Walah-walah. Tuku jaran ing pasar ponan, bareng mulih nuntun asu belang. Sing diadhepi panganan, ning Kenya ayu sing nang pikiran. Mula ndang nduwea pacar, ben ora isin saben ketemu mbake,” ujare Pak Brengos karo ngguyu. Pur gegancangan misuhi tangane sing jleprotan adonan. Kayadene Pak Heru, Pak Brengos nduwe krentegkanggo nggathukake kekarone.
Bareng nampa seplastik gorengan, Jani ngulungake dhuwit. Pur nampani kanthi ati gronjalan. Mripate tempuk. Kekarone banjur mesam-mesem semu isin, luwih-luwih Pur. Kaya ana elar pitik ngili-ili dhadhane weruh bengese Jani ngluwihi garise lambe. Pak Brengos kang ngawasi saka mburi, njero batine melu kepingkel-pingkel.
Bareng Jani tekan ngomah, Bu Heru kang maune nangis sesenggukan, saiki malah ngguyu kemekelen. “Lambumu, jan. bengesmu kok apaknem kok dadi ngono?” takone kasro isih ngampet guyu. Pak Heru uga kemekelen.
“Pripun ta, Bu?”
“Mblabar tekan ngendi-endi!”
Bareng diiling-ilingi, masker cangkeme dadi kotor kena bengese sing kekandelen. Jani njur kelingan kedadeyan ning kakilima mau. Bengese sing batine ben nggo nambahi pedhe saengga bisa nelukake Pur, malah nggawe rasa isine tansaya kandel.
Bu Heru ngulungake tisumarang Jani kanggo ngresiki lambene. Sawise diterangake dening Pak Heru, dheweke ngerti dhodhok selehe. Prekara bengese Jani, saiki terus wis ora digagas ala maneh. □
JAYA BAYA NO 23 MINGGU I PEBRUARI 2012
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus